Rabu, 28 September 2011

KETRAMPILAN MILIH BIBIT KRAMBIL


KETRAMPILAN MILIH BIBIT KRAMBIL

Milih bibit krambil punika wigatos sanget. Menawi bibitipun boten leres saged ugi mboten cocog kaliyan pikajengipun. Upaminipun pikajengipun nanem krambil genjah nanging ingkang thukul malah krambil biyasa. Utawi pikajengipun nanem krambil kopyor nanging ingkang thukul malah krambil genjah. Mila ngengingi bibit kedah leres-leres saged dipunpitados.
Nanem krambil kopyor punika ingkang dipuntanem sanes krambil kopyor nanging krambil boten kopyor. Asal milanipun bibit krambil kopyor punika saged bibit asil ngupakara jaringan (budidaya jaringan). Utawi saged ugi saking wit krambil ingkang biyasa wonten krambilipun kopyor. Manawi badhe milih bibit krambil kopyor kedah mangertosi asal-usulipun krambil kopyor kalawau. Kanthi cara mengkaten punika nanemipun krambil kopyor dados mantep.
Krambil ingkang dipunsiyapaken kangge bibit, dipunpanen sasampunipun krambil kakawau tuwa saestu. Tandhanipun inggih punika kulitipun krambil sampun garing utawi cemeng, toyanipun krambil sampun kantun sekedhik, entheng bobotipun lan sapiturutipun. Ingkang paling sae kangge bibit inggih punika menawi krambil kalawau sampun rogol kajengipun piyambak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar