Kamis, 29 Januari 2015



WORO –WORO
Pengetan dina Sumpah Pemuda tanggal 28 Oktober 2012, ing Wonosobo arep dianakake lomba pidhato Basa Jawa tingkat SMP. Kanggo kanca-kanca sing kepingin melu enggal-enggal ndhaftar ing pengurus OSIS.
Dene kang wis ndhaftar sakbanjure arep dibimbing dening Bapak/Ibu guru Basa Jawa.


Wonosobo, 10 Oktober 2012


KETUA OSIS


SMP SEMESTA
Gunung Pati, Ungaran, Semarang
Para siswa kang paring tresnani, Pengetan dina Sumpah Pemuda tanggal 28 Oktober 2012, ing SMP SEMESTA, arep dianakake kagiatan Jalan Santai.  Diarep-arepaken supaya para siswa badhe dherek-dherek ngramekake kagiyatan ingkang badhe kalaksanakaken benjing :

Dinten, tanggal           : Minggu, 28 Oktober 2012 (dinten Sumpah Pemuda)
Tabuh                          : 08.00
Papan                          : lapangan SMP SEMESTA
Pakaian                        : Kaos lan Training Olahraga SMP SEMESTA.
Dianjuraken saben-saben kelas gawa atribut  dhewe-dhewe.

Pramila, para siswa ingkang badhe dherek supados nyiapaken ingkang kudu disiapaken.
 Mekaten wara-wara punika, sageda dipun leksanakaken kanthi saestu. Matur Nuwun.

Ketua OSIS,



Sohibul Umam


WORO –WORO
            Katujukaken marang sedoyo warga ing Sugih Waras, Kecamatan Sidomulyo. Gegayutan kaliyan pangetan Dinten Kamardikan lan Ambal Warsa RI ingk kaping 67 tahun.
            Badhe ngawontenaken maneka warna kagiatan inggih menika :
·       Lomba kebersihan antar Dukuh se-Sugih Waras.
·        Lomba kesenian tradisional antar Dukuh se-Sugih Waras, kangge bapak –bapak lan ibu – ibu.
·        Lomba drum band kangge Adhik – Adhik Pemuda lan Pemudi antar dukuh.
Lomba badhe katindakaken :

Dinten, tanggal           : Sabtu, 18 Agustus 2012
Wanci                          : 08.00 – pungkasane
Papan                          : Alun – alun kecamatan Sido Mulyo

Mekaten menggah wara wara saking Panitia Lomba Kamerdikan. Mugi –mugi kawigatosan dumateng sedaya Warga Sugih Waras kamatan Sido Mulyo.
Nuwun.

Ketua Karang Taruna
Panitia
Rudi Hartanto
Sukimin




Tidak ada komentar:

Posting Komentar