Kamis, 29 Januari 2015

WORO-WORO




WARA – WARA


Nuwun,

Para kadang, wingi sore nalika arep gladhen basket. Alex siswa kelas VIII C kelangen dhompet rupane coklat campur ireng. Dene dhompet mau isine Kartu Osis, Kartu Pramuka, lan dhuwit 100.000 rupiyah.
Yen para kadang nemok’ake dhompet mau, nyuwun tulung sanget diaturake wali kelas VIII C.
Matur nuwun.


Ketua OSIS

Jayadi





WORO-WORO

Assalamu'alaikum wr.wb

      Kagem siswa kelas VII, VIII lan IX sesambetan kaliyan pengetan dinten Pendhidhikan Nasional, pramila para siswa kelas VII, VIII lan IX supados nyiapaken kelasipun piyambak-piyambak kangge lomba karesikan tuwin kaendahaning kelas.
Awit saking punika, benjing :

Dinten                          :  2 – 3 Mei 2014
Papan Panggonan      :  Kelas Piyambak-piyambak
ing SMP Negeri 4
Kabetahan                   :  Lomba karesikan kelas

Para siswa supados mbetho piranti kangge gotong-royong damel asri kelasipun piyambak-piyambak.

Mekaten, wara-wara punika. Sageda dipun leksanakaken kanthi saestu.

Wassalamualaikum wr.wb.

Ketua OSIS

Choirin Mustofa
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar