Minggu, 01 November 2015

PIDATO JAWA



UPACARA ADAT PENGANTIN JAWA SADURUNGE IJAB

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan Ibu Dwija Dra. Sri Hartati basa jawi saha rencang-rencang kelas 9H ingkang kula tresnani.
Saderenge mantu adicara kapisan inggih punika lamaran, narima kaluarga calon penganten kakung ing daleme calon penganten putri.
Adicara kapindho inggih menika siraman perlambang kangge ngresikaken jiwa calon penganten. Upacara punika ditindakake sedinten saderenge ijab kabul. Ditindakake wonten griya calon manten piyambak. Saderenge siraman, calon manten sungkem dhateng bapa biyunge.
Adicara katiga, inggih punika midodareni. Ing acara punika penganten putri mboten miyos saking kamar wiwit jam 6 sonten ngantos dalu lan dibaturi dening sadulur. Sadulur putri ingkang ngrencangi sinambi maringi pitutur.
Adicara kaping sekawan inggih menika srah-srahan paningset ing sebat “Asok Takon” inggih menika pihak kakung maringake uba rampe inggih beya ingkang badhe kangge nglaksanakaken pahargyan pengantenan. Tuladha ali-ali, arta, nyamping, tas, selop, isp.
Sasampune sekawan adicara wau lajeng ditindakake ijab utawi akad nikah.
Cekap semanten ingkang kula sampeaken menawi wonten lepat kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar