Sabtu, 26 Desember 2015

UPACARA ADAT PENGANTIN JAWA SADURUNGE IJAB



UPACARA ADAT PENGANTIN JAWA SADURUNGE IJAB

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan Ibu Tatik lan para kanca-kanca kelas IX – A ingkang kula tresnani.
Adicara kapisan yaiku lamaran, nampa keluarga calon penganten kakung ing daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tandha yen wong tuwa utawa keluarga manten putri setuju yen putrine didadekake pasangan urip calon penganten kakung.
Adicara kapindho yaiku siraman perlambang kanggo ngresikake jiwa calon penganten. Upacara iki dianakake sedina sedurunge ijab qobul ning calon dhewe-dhewe. Umumume ning bagian taman ngajeng griya. Sing nyirami sepisan biasane wong tuwa calon manten banjur sedulur liyane.
Adicara katelu yaiku midodareni. Acara iki tegese yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widodari mudhun saka kayangan aweh pangestu yen sesuk ing acara utama. Penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Adicara kaping papat yaiku srah-srahan disebut uga “asok tukon” yaiku pihak kakung maringake  pahargyan contone ali-ali, arta, tas lan liya-liyane.
Cekap semanten cariyos kulo. Ingkang wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar